BANG PLECIT

April 06, 2011
    Wayah bedhug ndhrandhang, Sutini isih ngiderake dagangane. Jane mono mung kari sethithik. Wayah awan ngentang-ngenthang panase kaya mecah-mecahna gundhul , mula anggone ngiderake dagangane dilereni dhisik saperlu ngaso. Langganan sing kari dhewe iki gampang. Pokoke ana barange banjur lung menehi dhuwite. Ora ndadak neka-neka. 

      Dina – dina iki pikirane Tini – ngono celukane Sutini – rada ruwet. Mikirake utange sing durung sah. Kamangka rumangsane wis bola-bali disaur, nanging meksa durung putus-putus. Isih kelingan cetha wela-wela omongane Kang Kandar nalika Tini arep golek silihan utang. 




“Tenan lho Tin, yen ora kowe mono ora bakal tak wenehi. Aku ki jane mono nulung kowe. Yen ora kowe, ora bakal daktulungi,”kandhane Kandar.
“Sampeyan apa ora mesakake aku ta, Kang. Coba ta gagasen, bapake bocah-bocah saiki durung mulih. Bayarane tak arep-arep kanggo mbayar sekolahe Tinuk mlebu nyang TK iki lho”
“Butuhmu pira? Ya nek akeh-akeh aku ora bisa menehi”
“ Ora akeh, Kang. Pokoke cukup.”
“Lha pira? “
“Ya kira-kira siji wae.”
“Siji apa? Atus , ewu, yuta, milyar apa siji apa? Yen milyar aku ora duwe. Aja kok padhakke bank wae”
“Aja guyon, Kang. Wis sayuta wae.”
“Wis kandha bojomu ? Karo, apa ya wis kopikir tenan. Dhuwit samono kuwi abot lho.”
“Ya durung. Wong wis patang dina durung mulih.
Jarene kirim barang menyang Mediun. Kamangka sesuk kudu mbayar nyang sekolahan.”
“Aja lali. Telulasan lho”
“Iya, iya.”


      Wektu iku pisanan Sutini kenal karo Kandar. Suwe-suwe dadi langganan. Kepriye ora dadi langganan wong golek utang mrana-mrene ora oleh.
Sambat menyang dulur ya ora ana sing bisa disambati. Kabeh padha butuhe. Sambat sapa maneh ? Arep melu utang Koperasi, koperasi RT wis ora mlaku maneh. 
    
      Bojone, nyambut gawene dadi sopir, ning sopir pocokan. Asile mung rog-rog asem. Oleh dhuwit yen sopir asline ora mlaku. Yen sing sopir asli mlebu terus ya ora oleh dhuwit. Mosok dadi sopir njagakake kancane lara. Kadhang seminggu oleh kaya seminggu ora, kamangka kebutuhan –kebutuhan saben dinane mundhak terus. Sing mbayar listrik, mbayar banyu, mbayar sekolah sarta mangan saben dinane. Durung yen gase wis entek. Malah saiki akeh kabar yen neng ngendi-endi tabung gas akeh sing mbledhos. Pikirane Tini sangsaya mumet. Kamangka meh saben reregan mundhak terus. Lombok wae regane wis puluhan ewu. Apa maneh ngadhepi riyaya kaya ngene iki . Durung mikirake klambine bocah-bocah. Yen bocah-bocah ora nganggo sandhangan anyar apa ya ora isin karo kanca-kancane ? Yen sing tuwa mono ora nganggo sandhangan anyar ora apa-apa, lha bareng bocah ? Dhek sedhela kae isih bantuan BLT saka negara, bisa kanggo tambah-tambah blanja, bareng saiki bantuan mau wis disuwak, arep noleh menyang endi?


      Jane mono saka negara wis dianjurake supaya para warga nggabung menyang koperasi dadi anggotane koperasi. Ana RT ne kono ya wis didegake koperasi . Dadi anggota koperasi iku enake, yen ana kebutuhan sawayah-wayah ora bingung, Ora ngrusuhi tangga, ora ngrusuhi dulur. Ya senajana olehe dhuwit utangan kuwi mung sethithik. Paribasan dicokot-cokot alot. Ning koprasine saiki wis ora mlaku jalarane ana penguruse sing ora jujur. Yen ana anggota sing cedhak karo pengurus diwenehi utangan, nanging sing adoh karo pengurus, pitakonane werna. Ana maneh para anggotane gelem utang ,nanging aras-arasen nyaur, nyaure mung sageleme wae. Pendhak wayahe kumpulan ora teka. Suwe-suwe anggotane padha mretheli. Mula sedhela wae koperasi wis ora mlaku maneh. Mula yen ana wong sing butuh dhuwit jujugane ya menyang nggone Kandar. 


      Jenggirat, Tini kaget ana SMS mlebu menyang Hpne. Bareng diwaca “ Tin, aja lali. Saiki wis wayahe nyaur.” Sakala awake Tini krasa lemes, arep ngiderake dagangan sing mung kari sethithik ora kuwat ngglawat. Bali lungguh maneh. Dhelog-dhelog lungguh neng tunggak ngisor wit asem neng pinggir dalan. Utang sing maune mung sayuta malih dadi limang yuta. Kamangka rumangsane dheweke ya nyaur, mung saben tekan janjine kadhang kala ya ora nyaur. Dhuwit babone manak, yen ora disaur anake dadi babon njur duwe putu, putune duwe canggah. Mengkono sateruse. Mula utange ora tambah entek nanging malah tambah akeh. Arep nyaur kepriye wong dhuwit blanjan sing dijagak-jagakake ora teka. Kepeksa golek utangan liya. Kepeksa gawe juglangan anyar kanggo nutupi juglangan lawas. Suwe-suwe utange Tini ora malah lunas nanging malah tambah akeh. 


      Satemene, Tini ya dudu wong keset, dudu wong lumuh. Kanggo mbantu ngentheng-genthengake bojone dheweke nyambi usaha. Yaiku dodol krupuk. Arep kandha sing lanang ora wani, wedi yen disrengeni. Mula sanjana sanggan mau abot, arep disangga dhewe. Nanging arep nyaur, sing dienggo nyaur dhuwite sapa. Wis kadhung kejeglong.


      Lap, dheweke duwe pikiran ala. Wis , tinimbang urip ngrekasa neng ngalam donya luwih penak nglalu wae. Samubarang prekara sing diadhepi rampung. Ning bajur kelingan anake telu isih cilik-cilik. Sing mbarep isih ana ing TK, sing nomer loro lagi telung taun, lan sing ragil isih suson. Anak-anake mengko melu sapa ? Apa ya klakon melu mbok kuwalon. Yen melu mbok kuwalon mendah rekasane. Apa ya ora disiya-siya?. Melu mbok kuwalon iku ora kepenak. Kamangka mengko mbok kuwalon ya duwe anak dhewe, apa bisa adil, apa bisa gemati? Apa ora emban cindhe emban siladan ? 


      Nyat, pikiran ala sing kumlebat ing sirahe disingkirake. Tini kandha jroning ati, janji, aku kudu bisa ngadhepi prekara iki, ora bakal anak-anakku dakpasrahake menyang mbok kuwalon. Tini banjur gregah-gregah tangi saka lungguhe. Dagangan sing durung entek banjur diubengake maneh.
Ora suwe dagangan wis entek, banjur mulih. Teka ngomah wis dipapag anak-anake, 


“Emak teka, emak teka. “
Tinuk banjur undang-undang adhine “ San, Santi, emak teka San”
“Endi mak oleh-olehe?”, pitakone Tinuk kemrecek.
“Oleh-olehe ora ana Nuk, bakule mati ,” wangsulane make ngapusi supaya Tinuk ora takon prekara oleh-oleh.
“Alaaaaaah mak,” kandhane Tinuk karo prembeng-prembeng arep nangis.
“Aja nangis, Nuk. Sesuk tak tukokake,” kandhane Tini ngedhem-edhem atine anake.
“Tenan lho mak, aja lali...,” kandhane Tinuk karo mlayu metu dolanan maneh. 


      Yen ndeleng anake sing semono , ya ora mentala ninggalake. Nanging yen kalingan SMS e Kang Kandar sing ora leren-leren anggone nagih, ya kaya-kaya tega ninggalake anake . Sawengi pikirane mubeng, munyer . Arep turu ora bisa turu, melak-melik mripate, pkirane Tini nglambrang teka ngendi-endi. Sawengi ora bisa turu-turu. Kelingan anake sing isih cilik-cilik. Nanging saclerapan uga kelingan marang tagihane Kang Kandar. Malah-malah dheweke arep dipulisekake yen nganti ora bisa nyaur. Apa ora judheg ? Yen ora ngono, njur kelingan bojone sing saiki lagi lunga durung mulih-mulih. Kelingan bojone ana paran golek pangan, pirang-pirang dina neng dhuwur montor kanggo nyukupi kebutuhan ngomah. Sanajana wis direwangi njungkir njempalik , isih meksa durung cukup kanggo kebutuhan omah. 


      Banjur nyat, ana pikiran ala maneh. Wis sesuk penake nubruk montor wae. Nubruk montor ? Ya yen thek-sek, enggal mati, ora apa-apa. Yen ora ? Upamane mung sikile sing keplindhes, harak malah cilaka. Sikile dhingklang, ngopeni bocah telu. Durung golek ragad kanggo menyang rumah sakit. Rak malah ngrekasa ora bisa ngrewangi golek pangan bojone , malah dadi tanggungan. Apa sing lanang trima, duwe bojo dhingklang? Apa kira-kira ora kepingin rabi maneh? Golek bojo sing luwih enom, sing ayu, sing seger, dheweke banjur disingkang-singkang jalaran bojone isin ngrabi dheweke, mula banjur kawetu sambate : “Gusti, paringana eling, lan paringana sabar. “ banjur leees turu, ngerti-ngerti krungu adzan subuh “ Allaaaahu akbar. Allaaaaahu akbar .”



 "Urip iku ora mung sabar lan narimo, kudu gelem usaha lan rekasa"
First
0 Komentar